YOKANAN 17:22-23
YOKANAN 17:22-23 JAV
Lan Kawula sampun nyukakaken kamulyan, ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, dhateng tiyang-tiyang punika, supados sami dadosa satunggal, kadosdene Paduka kaliyan Kawula inggih dados satunggal: Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurnaa anggenipun dados satunggal, sarta supados jagad sumerepa, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih tiyang punika sami Paduka kasihi kadosdene anggen Paduka ngasihi Kawula.