LUKAS 3:4-6
LUKAS 3:4-6 JAV
Iki cocok karo kang tinulis ing kitab pamedharwangsite Nabi Yesaya: “Ana swaraning wong kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara-samun. Padha nyawisna margining Pangeran, lencengna lurung-lurunge! Saben jurang bakal kaurugan, lan saben gunung lan punthuk bakal karata; kang menggak-menggok bakal kalencengake, kang mendhak-mandhukul bakal karata, apadene sakabehing daging bakal weruh karahayon kang saka ing Pangeran.”