LUKAS 4:5-8
LUKAS 4:5-8 JAV
Iblis tumuli nambut Gusti Yesus munggah ing papan kang dhuwur sarta banjur nedahake krajan ing jagad marang Panjenengane ing sakedhap netra. Iblis nuli matur: “Panjenengan badhe kula caosi panguwaos punika sadaya dalah kamulyanipun, awit punika sadaya sampun dipun pasrahaken dhateng kula saha kula saged nyukakaken dhateng sinten ingkang kula kajengaken. Milanipun manawi Panjenengan nyembah dhateng kula, sadaya punika badhe dados kagungan Panjenengan.” Nanging Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira, iku kang kudu sira sembah, sarta iya mung Panjenengane iku kang kudu sira abekteni!”