1
YOKANAN 19:30
Kitab Sutji
Sawise nyecep anggur kecut mau, Gusti Yesus tumuli ngandika: “Wus rampung!” Banjur ndhingklukake mastaka lan masrahake nyawane.
Compare
Explore YOKANAN 19:30
2
YOKANAN 19:28
Sawuse mangkono, ing sarehne Gusti Yesus mirsa, yen samubarang kabeh wus rampung, banjur ngandika – supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci –: “Aku ngelak!”
Explore YOKANAN 19:28
3
YOKANAN 19:26-27
Bareng Gusti Yesus mirsani kang ibu lan sakabat kang dikasihi ngadeg sandhinge, banjur ngandika marang kang ibu: “Ibu, punika ingkang putra!” Nuli ngandika marang sakabate mau: “Lah iku ibumu!” Lan wiwit nalika iku sakabat mau banjur mboyong ibu Maryam menyang omahe.
Explore YOKANAN 19:26-27
4
YOKANAN 19:33-34
nanging bareng nekani marang Gusti Yesus sarta padha weruh manawa wus seda, Gusti Yesus ora diremuk sampeyane, ewasamono salah sijining prajurit panunggalane iku njojoh lambunge Gusti Yesus kalawan tumbak, temah sanalika metu getihe lan banyune.
Explore YOKANAN 19:33-34
5
YOKANAN 19:36-37
Sabab kalakone iku mau supaya kayektenana kang tinulis ing Kitab Suci: “Ora ana balunge kang diremuk.” Lan ana tulisan maneh kang mratelakake: “Wong-wong bakal padha nyawang marang Panjenengane, kang wus dijojoh.”
Explore YOKANAN 19:36-37
6
YOKANAN 19:17
Banjur miyos kalawan manggul salibe lan tindak menyang panggonan kang aran Pacumplungan, ing basa Ibrani: Golgota.
Explore YOKANAN 19:17
7
YOKANAN 19:2
Para prajurit banjur padha nganam eri kanggo makuthan diagemake ing mustakane, sarta diagemi jubah wungu
Explore YOKANAN 19:2
Home
Bible
Plans
Videos