1
YOKANAN 20:21-22
Kitab Sutji
Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh! Kaya anggonKu kautus dening Sang Rama, kowe saiki iya padha Dakkongkon.” Sawuse ngandika mangkono, tumuli padha didamoni, lan dipangandikani: “Padha nampanana Roh Suci.
Compare
Explore YOKANAN 20:21-22
2
YOKANAN 20:29
Pangandikane Gusti Yesus: “Amarga kowe wus ndeleng Aku, temah kowe kumandel. Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel.”
Explore YOKANAN 20:29
3
YOKANAN 20:27-28
Nuli ngandika marang Tomas: “Drijimu prenekna, tanganKu tontonen, sarta tanganmu ulungna, lodokna ing lambungKu lan kowe aja nganti ora ngandel maneh, nanging kumandela!” Tomas mangsuli, unjuke: “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!”
Explore YOKANAN 20:27-28
Home
Bible
Plans
Videos