Nanging sing Tak omongké marang kowé iki bener: Luwih maédahi kanggo kowé, yèn Aku lunga. Awit yèn Aku ora lunga, Juru Pitulung kuwi ora bakal nekani kowé, nanging yèn Aku lunga, Aku bakal ngongkon Juru Pitulung marang kowé. Nanging yèn Panjenengané teka, kuwi bakal nyadarké jagat bab dosa, bab kabeneran lan bab pengadilan