awit saking punika kawula inggih sampun rumaos boten pantes sowan ing ngarsa Paduka. Nanging Paduka mugi karsaa ngandika satembung kemawon, rencang kawula tamtu badhe saras. Amargi kawula piyambak inggih tiyang ingkang kaprentah, sarta inggih mbawahaken prajurit. Manawi kawula aken dhateng salah satunggaling prajurit punika: Lungaa, piyambakipun inggih lajeng kesah. Punapa dene manawi kawula aken dhateng satunggalipun: Mrenea, inggih lajeng dhateng; utawi dhateng rencang kawula: Iki tindakna, inggih lajeng dipun tindakaken.” Bareng Gusti Yesus midhanget atur mangkono iku, Panjenengane eram, nuli minger mirsani wong akeh kang padha ndherek lan ngandika: “Aku pitutur marang kowe, pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon, sanadyan ing antarane wong Israel!”