LELAKONE PARA RASUL 6
6
Pasamuwan saya mekar.
Milih wong pitu kadadekake juru-pamulasara
6:1-7
1Ing nalika iku, bareng cacahe para siswa#6:1 siswa = tiyang Kristen. saya wuwuh, tumuli thukul pangumel-umel ing antarane wong-wong Yahudi kang basane Yunani marang wong-wong Ibrani#6:1 tiyang Ibrani = tiyang Yahudi ingkang basanipun Ibrani., amarga anggone nyadhongi para randhane ing paladen saben dinane kalirwakake. 2Mulane rasul rolas banjur nimbali kabeh para siswa, padha diklumpukake lan dipangandikani: “Aku padha rumangsa ora marem, dene marga saka leladi mangan banjur nglirwakake pangandikaning Allah. 3Mulane, para sadulur, padha miliha wong pitu saka ing antaramu, kang wus katitik becik, lan kapenuhan ing Roh sarta kawicaksanan, supaya kenaa dakangkat kanggo bubuhan iku 4satemah aku kabeh bisa ngelengake pikiran ana ing pandonga lan ing ayahaning pangandika.” 5Usul iku diturut dening wong sapasamuwan kabeh, banjur milih Stefanus, wong kang kapenuhan ing pracaya lan Roh Suci, sarta Filipus, Prokhorus, Nikanor, Timon, Parmenas, tuwin Nikolaus, wong kang ngrasuk agama Yahudi saka ing Antiokhia. 6Wong iku padha diajokake marang ing ngarsane para rasul, kang banjur padha ndongakake sarta numpangi asta.
7Pangandikaning Allah saya sumebar, sarta cacahe siswa ing Yerusalem saya mundhak akeh. Dalah para imam akeh kang padha manut lan manjing pracaya.
Sang Stefanus kacepeng lan kagugat
6:8-15
8Anadene Sang Stefanus iku penuh ing rahmat lan panguwasa, nganakake mukjijat-mukjijat lan pratandha-pratandha ana ing antarane wong akeh. 9Nanging banjur ana wong sawatara saka pasamuwan Yahudi, kang kaaranan pasamuwane wong Libertini#6:9: Tiyang Libertini = tiyang ingkang sampun kamardikakaken, wondene ingkang dipun kajengaken para warganing pasamuwan Libertini ing kitha Yerusalem, ingkang bokmanawi turunipun para rencang tumbasan Yahudi ingkang sampun kamardikakaken. – para wargane pasamuwan iku wong saka ing kutha Kirene lan kutha Aleksandria – bebarengan karo wong Yahudi sawatara saka ing tanah Kilikia lan tanah Asia, kang padha bebantahan karo Sang Stefanus, 10nanging padha ora bisa nglawan kawicaksanane sarta Sang Roh Suci, kang nuntun pamicarane. 11Nuli padha ngojok-ojoki wong sawatara supaya padha duwea atur mangkene: “Kula sampun sami mireng piyambakipun nyenyamah dhumateng Nabi Musa saha Gusti Allah.” 12Kanthi patrap mangkono wong-wong mau padha nggegerake wong akeh lan para pinituwa tuwin para ahli Toret; tumuli padha ngebyuk marang Sang Stefanus, diglandhang diladekake marang ing ngarsane Pradata Agama, 13sarta banjur ngajokake seksi-seksi palsu kang padha matur mangkene: “Tiyang punika boten kendel-kendel anggenipun nglairaken pitembungan ingkang nyenyamah dhateng panggenan suci#6:13 panggenan suci = Padaleman Suci. punika saha dhateng angger-anggering Toret, 14amargi kula sampun sami mireng wicantenipun, bilih Yesus, tiyang Nasaret punika badhe mbibrah panggenan punika tuwin badhe nyantuni adat-tata-cara peparingipun Nabi Musa dhateng kita.” 15Kabeh kang padha lenggah ing Pradata Agama padha ngawasake marang Sang Stefanus, banjur padha mirsa pasuryane Sang Stefanus kaya pasuryaning malaekat.
လက္ရွိေရြးခ်ယ္ထားမွု
LELAKONE PARA RASUL 6: JAV
အေရာင္မွတ္ခ်က္
မၽွေဝရန္
ကူးယူ

မိမိစက္ကိရိယာအားလုံးတြင္ မိမိအေရာင္ခ်ယ္ေသာအရာမ်ားကို သိမ္းဆည္းထားလိုပါသလား။ စာရင္းသြင္းပါ (သို႔) အေကာင့္ဝင္လိုက္ပါ
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

: