Kacarita, nalika wong akeh iku wis padha kabaptis lan Gusti Yesus uga dibaptis sarta lagi ndedonga, langit tumuli piyak, banjur katedhakan ing Roh Suci apindha manuk dara. Nuli ana swara kang kaprungu saka ing langit mangkene: “Sira iku PutraningSun kang Sunkasihi, kang dadi keparenging panggalihingSun.”