Sawise iku Iblis tumuli nambut Gusti Yesus menyang ing kutha Yerusalem lan kajumenengake ing wuwunganing Padaleman Suci, banjur matur: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog saking ngriki mangandhap, awit wonten seratan makaten: Tumraping Sira, Panjenengane bakal dhawuh marang para malaekate supaya rumeksa marang Sira lan iku bakal padha nadhahi Sira ana ing tangane, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu.” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana pangandika mangkene: Sira aja nyoba marang Pangeran Allahira!”