1
YOKANAN 11:25-26
Kitab Sutji
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Iya Aku iki patangen lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati. Lan sok wonga kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawase. Kowe apa pracaya marang iku?”
Ṣe Àfiwé
Ṣàwárí YOKANAN 11:25-26
2
YOKANAN 11:40
Pangandikane Gusti Yesus: “Apa Aku ora wus tutur marang kowe: Angger kowe pracaya mesthi bakal weruh kamulyaning Allah?”
Ṣàwárí YOKANAN 11:40
3
YOKANAN 11:35
Gusti Yesus muwun.
Ṣàwárí YOKANAN 11:35
4
YOKANAN 11:4
Gusti Yesus bareng miyarsa kabar iku banjur ngandika: “Larane iku ora ndadekake patine, nanging bakal mbabarake kaluhuraning Allah, awit marga saka larane iku Putraning Allah bakal kaluhurake.”
Ṣàwárí YOKANAN 11:4
5
YOKANAN 11:43-44
Sawuse matur mangkono tumuli nguwuh kalawan swara sora: “Lazarus, metua!” Kang mati banjur metu, tangan lan sikile isih kablebed ing ules, lan raine katutupan ing kacu. Pangandikane Gusti Yesus: “Uculana ulese, kareben lunga!”
Ṣàwárí YOKANAN 11:43-44
6
YOKANAN 11:38
Gusti Yesus tumuli rengu maneh sajroning panggalih, banjur nyelaki kuburan, kang adhapur guwa ditutupi watu.
Ṣàwárí YOKANAN 11:38
7
YOKANAN 11:11
Mangkono pangandikane, tumuli disambeti maneh: “Lazarus sadulur kita lagi turu, anggonKu mrana prelu arep nggugah anggone turu.”
Ṣàwárí YOKANAN 11:11
Ilé
Bíbélì
Àwon ètò
Àwon Fídíò